Jumat, 13 Februari 2009

Asal Usul Keris Empu Gandring

Keris Mpu Gandring
Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.
Langsung menyang: navigasi, golèk
Keris Mpu Gandring ialah sebilah keris pesenan Ken Angrok. Ken Arok pesen keris kiye merga kepengin dadi penggede, sebab dheweke wis dikandani Pandita Lohgawe nek sapa baen sing dadi pendamping Ken Dedes mesthi dadi wong gedhe trus keturunane juga mengko bakal dadi Raja-Raja gedhe tanah Jawa. Ken Arok wis nyiapna siasat nek keris sekti kuwe mengko kanggo mbunuh Akuwu Tumapel Tunggul Ametung bar kuwe ngerebut bojone Ken Dedes.
Mpu Gandring ialah pandai besi sing wis kesohor pinter nggawe senjata sing ampuh lan sekti. Dheweke manggon nang desa Lulumbang Kadipaten Tumapel.
Dong pesen njaluk digawekna keris kuwe, Ken Arok kepengin keris kuwe kudu rampung cepet. Mpu Gandring jane njaluk wektu setaun, ning merga dipeksa Ken Arok, dheweke nyanggupi ngerampungna limang wulan. Mpu Gandring kerja keras, disambi tapa lan tirakat, ben keris kuwe ampuh lan bisa cepet rampung.
Bar limang wulan Ken Arok teka ming Lulumbang nagih kerise. Jebule keris kuwe urung rampung urung rapi, Ken Arok langsung meradang, lan nusuk Mpu Gandring nganggo keris gaweane dhewek kuwe. Ningen sedurung wafat, Mpu Gandring sempet ngucapna kutukan, nek mengkone ana pitu keturunan Ken Arok sing mati kenang keris gaweane kuwe.
Korban-Korban Keris Mpu Gandring:
Mpu Gandring
Tunggul Ametung
Kebo Ijo
Ken Arok
Anusapati
Tohjaya